Senin, 20 April 2015

Petruk Kantong Bolong

nalikane petruk karo bagong ronda keliling

* petruk: ben gong,, salahe ronda kok merem,,
gareng ditinggal dewe wae neng gerdu,, paling yo tulung2, wong jirih kae ki
# bagong: haha iyo turuk...
* petruk: mbok lambemu sing bener nek nyeluk uwong gong, marai pengen wae..
# bagong: wahaha.. utekmu ngeres tluk,,

nalikane neng ngarep umahe anggota DPRD

# bagong: uwih wih wih.. omah semene gede ne sing nuroni wong piro iki ya truk?
* petruk: sak RT amot gong,, turu njero apa yuh??
# bagong: ben di pentungi satpam po?
* petruk: wehehee, uwong iku pancen sawang sinawang kok gong, 
lha sing nduwe omah iku kan asline ora luwih sugih sko aku gong..
# bagong: sik sik sik,, tak urus omonganmu sing iki,,
 Lir e kepiye kok ora luwih sugeh sko kuwe ki, wong kowe ora kuwat tuku rokok, trus trimo udud mbako kok, iku wae utang,, kok dibandingke karo sing nduwe omah gedong magrong magrong,, piye jajali??
* petruk: woo... rungokno,, jerengen kuping mu.. lek no matamu
# bagong: mataku wis ombo e truk..
* petruk: kowe ngerti kantongku iki..
# bagong: walah.. kantong ora ono isine,, bolong kabeh ngono eg pamer ke to truk,,
* petruk: kowe tau ngerti opo ora gong, ono wong kesusahan petruk ora nulungi..
# bagong: yo.. tak akoni kowe pancen seneng tetulung truk, ning opo yo terus kudu kok pamer ke?
* petruk: aku ora pamer gong., aku arep njelasno kowe kuwi lho,, AIQIYU ki rendah nek ora ntritik ora mudeng kowe mengko.. ncen kowe kwi ...
# bagong: yo wis lanjutno
* petruk: iki lho gong sing tak maksud sugih,
sugih sejati, sejatining sugih,
aku iki rumongso sugih yen biso aweh neng wong liyo,,
brarti kan sing tak wenehi iku mau ora luwih sugih sko aku to,
lha snadyan aku ora nduwe bondo dunyo,, sugihku iki neng njero batinku gong,,
rasa kepuasanku ora ngathung wong liyo,,
rasa kepuasanku nek isoh aweh marang wong liyo, ngono,,,,
dadi sugihku iki ora di ukur sepiro akehe bondo dunyo, mas picis utawa rojo brono,,
mulo aku nduwe karapan "petruk kantong bolong" iku ora mego kantongku bolong kabeh, snadyan ncen podo bolong,,
bedo karo sing nduwe omah gede gedong magrong-magrong mau,,
snadyan bandane pirang-pirang, ning jiwane lho gong
jiwane kere iku, isih gelem colong njupuk bagihane wong liyo,
aspal doyan, semen di untal,
bandane wong cilik di pliriti,
opo koyo ngono iku ora malah kere jenenge.. hayo..
gong... bagong.. neng ndi to  iku mau...

petruk ngeciwis terus jebul kebablasen, banjur mlayu bali neng gerdu
jebul bagong mau mandeg neng gerdu wis nyusul turu gareng.

# bagong wis ngorok
* petruk: woooo.. samber nggelap kwe gong ora ngomong to gong (nyusul turu..)

wong telu kruntelan turu neng gerdu

Rabu, 26 November 2014

Sarjana Jurusan Pengangguran

obrolan siang ala punokawan

Gareng: ko ndi gong??
Bagong: angon kirik eg reng
Gareng: lho kelakuanmu kuwi lho gong, angon kok kirik,, piye nalarmu
Bagong: lha iyo to, kirikku iki kan butuh mangan, lha nang ngumah ki ora ono turahan sego eg reng,, yo tak nggon to,,
Gareng: wiss,, karep karepmu gong,,
Bagong: lha kowe kok wis mulih iki mau,, opo gaweanmu wis rampung reng?
Gareng: uwis gong,, bosku lagi sepi orderan iki mau,,
Bagong: ooo..
Gareng: lha kae petruk kae sko ngendi kae gong, kok klendrah klendreh koyk wong ilang dayane,,
Bagong: di nteni wae, jajal mgko di takoni,,

Gareng: truk.. kok lemes?? ko ndi kwe ki??
Petruk: halah reng..rekasane wong golek butoh ngene iki yo,,
Gareng: lhooo yo disukuri to truk,, sitik-sitik diklumpukke kan dadi akeh,,
piye gaweanmu truk?? lak yo lancar to,
Petruk: yo isih kyk mbiyen reng,, malah iki ntek kontrake 'nganggur'
kowe malah kerja mapan ya reng, aku sing sarjana malah dadi pengangguran, golek2no gawean to reng
Gareng:: uwong iku sawang sinawang truk, kowe nyawang aku kepenak nanging ora ngerti sakbenere piye to??, tapi yo ora sah ngerti wae,
Bagong: lhaaaa iki kowe ki kudu ngrubah pikiranmu truk,
nek sarjana kyk kowe ngene iki golek gawean terus wong2 sing ora nduwe lulusan kyk aku iki kon nyambutgawe opo jajal??
mbok ya'o sing jare sarjana sarjono kuwi ilmune digunakake, kepinterane di anggo, piye carane nggawe gawean minimal kanggo mulyane awake dewe, sokor2 bisa nggawe lapngan kerjo kanggo sing ora duwe lulusan,
ojo malah rebutan gawean,,,
lek rebutan gawean yo jelas menang sarjanane to??
Petruk: karepku yo ngono gong
ning modale kuwi lho gong??
Bagong: yo sing modal ringan sik to,
kowe kan sarjana teknik to truk, udu sarjana jurusan pengangguran??, paling ora kan biso nambal Ban??
Petruk: hust kok anggep opo aku gong,, sarjana kok kon nambal ban ki??
Bagong: lha  iki reng, iki, iki,, mental mental sing kudu di revolusi..
Gareng; walahh.. bahasane bagong lho..
Bagong; iyo to reng,, jaman sakiki kudune ojo gengsian, ojo isinan, kudu bangga biso nguripi awake dewe, ora ngathung wong liyo..
Gareng: iyo lho truk, ono benere lambene bagong iku..
Bagong: lha iyo bagaimana indonesia bisa maju nek mental SDM e koyk petruk ngene ki,,

semar metu, jebule nguping neng mburi
Semar: iyo truk,, pikiren lambene bagong sing muni mau,,
elek-eleko mending dadi ndas cecak timbang kowe dadi buntut macan L

Kopi Kucing

Nalikane bagong dolan nang ngumahe petruk, Bagong di gawekno kopi,
Wong watake bagong yo langsung di sruput wae

Bagong karo merem2 ngrasakno

*bagong: Iki kopi opo tho truk? Kok rasané rodo kecut?
*petruk : iku kopi istimewa gong, saingane kopi luwak sing larang kae..
*bagong : Woo ngono tho,(karo nyruput mneh) kopi opo jenengé?
*petruk : iki tak jenengke Kopi kucing gong, aku gawé déwé iki.
*bagong : lha ngopo kok di jenengke kopi kucing truk??
*petruk : Soale fermentasine lewat kucing gong,
*bagong: kok isoh???
*petruk: aku kan terinspirasi sko kopi luwak gong,
lha mergo kewan sing mirip luwak, lan sing gampang golekane kuwi kucing, aku banjur inisiatip nganggo kucing wae gong, ngono
*Bagong: wahh krungu omonganmu kok wetengku rodo ora kepenak yo truk.., jajal critakno piye olehmu gawe truk??
*Petruk: nek Kopi luwak kan kopine dipangan luwak ndisik sakdurunge diolah gong, lha ngono kuwi sing jenenge fermentasi gong, ora bedo karo kopi kucing iki....
*bagong: wehh (karo rodo keselak) truss???
*petruk: semono ugo kopi kucing iki... yo dipangan kucing ndisik sakdurungé tak olah dadi kopi bubuk gong.
*Bagong: wehh soyo suwe kok omonganmu soyo ndrawasi ngono truk,,
truss piye olehmu makakke kucing, sak ngertiku kucing kuwi ora doyan kopi lho truk??
*petruk: yo pancen kucing ora doyan kopi gong, nanging aku yo ora kurang akal to,, wong petrukkk akeh akale hehehe (petruk nyengenges),,
ngene,, kopine tak deplok rodo kasar ndisik,
trus tak campur iwak asin,
lha bar ngono tak pakakno kucing, (bagong wetengé soyo mulek-mulek)
*bagong : Terus piye prosese truk..??
*petruk : bar mangan campuran kuwi mau gong,, kucinge neng ngendi wae tak angon,,
bar kucinge ngising gong, kan Kopine metu bareng tai kuwi gong,
lha trus tai ne tak jupuk,
tak pepe,,
bareng wis garing terus tak gerus,
terus tak saring,
terus tak kumbah,
terus tak pépé mneh nganti garing,
trus tak giling manèh sampek alusss,,
dan akhirnya jadilah kopi bubuk made in petruk, yo kopi sing mok umbe kuwi..
*bagong: aku wis ntek segelas iki, lha kowe sak durunge iki yo wis ngicipi truk???
*petruk: Lha iki kebetulan gong,, dirimu sing pertama ngicipi,
aku déwé mau arep ngicipi nanging kok ora kolu, kebetulan kowe teko.. piye rasane gong..?
nek enak kae isih akeh,, mgko tak buntelke nang plastic gawanen mulih, gawe ngopi bendino gong, gratisss.. *Bagong: uAzzuu kowe truk....,!!!
 uwong kurang toto,..!!!
ora aturan,,!!!
 iki uduk Kopi Kucing jenenge..!!!
 bwehhh,... tapi Taek Kucing kok gerus kok umbekne aku iki....
ngopo ora sekalian fermentasine kok pangan dewe mau.. uassuu..!!!

Senin, 12 Mei 2014

ilmu ikhlas

Punokawan Lagi cakrukan

* Bagong:
reng kowe mudheng elmu ekhlas opo ora reng

* Gareng:
yo mudheng to gong, Lha wingi kae pas puoso aku aweh beras telung liter neng anak yatim kae aku eklas lho gong,
Terus aweh beras karotengah bojok karo sukiyem rondo kidul kali kae, aku yo ekhlas gong,
Termasuk aweh duwit limolas ewu karo kowe wingi kae, eklas aku,
Kelingan opo ora olehmu nampani duwite wingi??

* Bagong:
kuwi kabeh yo eklas reng??

* Gareng:
yo eklas nuw..

* Bagong:
yen kowe truk??
Mudheng elmu ekhlas opo ora truk??

* Petruk:
yen durung isoh ngising sing bener iku ora usah podo mbahas eklas gong..

* Bagong:
lha hubungane eklas karo ngising kih opo e truk??

(Petruk banjur ngoceh akeh akeh)

* Petruk:
ngene lho gong..
kowe kae yen ngising kan lego wetengmu...
semono ugo jenenge eklas gong...,
Yen aweh iku rumongso seneng..
seneng pikire, seneng atine, seneng wetenge
... wis ngising durung kowe mau???

* Bagong:
uwis opo durung mau yo truk?? Lali aku
(Kukur2 sirah)

* Petruk:
lha yen bar ngising kowe langsung cawik opo ora gong..??
ojo-ojo ora kok resiki??

* Bagong:
wahh.. Yo cawik to truk,
kok nggilani men...

* Petruk:
lha yo semono ugo eklas gong.....
Yen bar aweh ndang resikana tilase..
ojo malah sengojo ninggal tilas ben uwong podo weruh...
... apa maneh ngundang wartawan kon motret kopetmu..??

* Bagong:
wahahaha (bagong ngakak)

* Petruk:
trus yen bar ngising banjur kok siram to...??
opo malah kok pandengi..
kok eker-eker maneh goleki menawa ono dele ne???
opo kok tunggoni menawa tukul mneh delene??

* Bagong:
jabang bayik truk... (karo gilo)

* Petruk:
lha... ...semono ugo eklas lho gong..
tanpo gelo... tanpo pamrih...
culll... lungggg.... tinggalll...
ngono... mudheng opo ora Reng'''
Eklas kok pamer...

(Gareng mlengos ethok-ethok ora krungu)

* Bagong:
asyem..
Omonganmu kuproh truk..
ora ndelok wong lagi mangan telo iki??
Wes ntekno telane kuwi..
Ora kolu aku...



*  ilmu ikhlas itu seperti dalam surat al ikhlas yang tiada kata ikhlasnya *